Jam loro bengi nglilir,weteng rasane luwe banget,kluthak-kluthik no pawon godok mie karo nyeplok ndok,setengah mateng godoke eadyalah gase entek,oalaah piye iki? wes gak mikir dowo langsung metu golek gas no warong,eh lah kok ra enek sing buka ki piye?muter2 wae golek warung buka sampek uadoh tetep wae durung oleh gas,oalah mbok golek ning endi iki?yo weslah mulih wae,,weteng ngelih baget gowo duit pas2an,mulih liwat mburi wae lah sopo ngerti enek warung buka,dumadaan enek warung buka langsung wae mampir,tumbas gas karek siji sisan,wes tabunge elek,larang maneh lha wong bisane patbelas ewu og iki songolas ewu,tapi yo ra popo lha ora enek pilian liyo…
Mulih tekan omah jamtelu seprapat,walah pitik wis podo kluruk kabeh tambah luwe wae weteng iki sampek kringeten,mlebu omah masang gas gek neruske masak,nggodok mie campur ndok,wah seger tenan iki pikirku tp kok enek mambu bathang kie opo yo?tak goleki sampek jememet kok ra ketemu,wes ben sesok lak to ketemu,wah mie ne wes mateng iki,jupuk mangkok sendok karo garpu mie ne tak tumplek no mangkok dumada`an mambu banger campor sangit ra karuan,oalah iki to sing mambu bathang mau (setelah saya teliti) goro2 ndoke bungker,asem tenan ra sido mangan eman jane karek mangane,yo to?malah mambu kabeh! hah……piye iki? wes ra kenek dijak komperomi wetenge,mie karek siji,ndok yo karek siji bungker sisan. mbukak mejik jer segone yo entek,wah jan super ngelih iki? yo wes nggawe kopi wae entek rong gelas sampek kembong wetengku,mules,wah kudu ngising iki…
Bar ngising lego tapi tambah ngelih,yo wes ngenteni subuh sisan engko golek nasi uduk no warung ngarep,suwi lek ku ngenteni sampe keturon,tangi2 jam songo isuk,waah nasi uduke wes entek,,yo wes ra popo ngutang warteg wae lah (setelah kenyag) kelingan mabengi,konco2ku tak critani malah ngekek ra karoan,,,oalah ra ngerti wong kluwen po piye? (sejak saat itu)aku lek arep turu mangan sing wuarek sik,karo nyetok mie sing uakeh…..mugo2 wae ora bakal ky ngono maneh.
Mumet tenan
11 Mei 2010
Uncategorized gas entek, kaliren, kluwen, ndok bungker, pitik kluruk 1 Komentar


Mei 12, 2010 @ 10:18:59
wa `alaikum salam wr. wb.
Slm kenal juga,makasih dah sudi mampir ke sini,blog ini cm iseng aja kok mas,,,
tunggu aja tar pasti mampir…